Agus Mulyadi Njaluk Rabi

Pencarian Pemanas Air

| Thursday 23 April 2020 |

“Gus, kowe pengin pasang pemanas air ora? Aku ketoke meh pasang iki. Sopo ngerti kowe tertarik. Ben bareng sisan” kata Ahmad Khadafi. “Wingi aku bar takon-takon ng At-Takrib.”

“Wah, pironan kuwi?”

“Sing nganggo gas regane murah, Gus. Ono sing 600-an. Aku ketoke meh pasang sing iki. Tapi nunggu gajian ndisik.”

“Iki maksude gas elpiji kae?”

“Hoo, gas tabung.”

“Ha njuk kuwi gas’e seleh ngendi?”

“Yo saksake, sing jelas jare petugase At-Takrib, sebelah kamar mandi kudu ono ruang ngge nyelehke gas’e. Soale gas’e ra oleh diseleh ng njero kamar mandine.” Terang Dafi menjelaskan dengan sangat rinci. Lelaki di depan saya itu kini tak ubahnya seperti sales teladan At-Takrib.

“Wah, menarik iki,” ujar saya. Saya sebenarnya memang sudah sangat lama ingin pasang pemanas air, cuma sampai sekarang belum kesampaian. “Aku ra nyongko nek regane ono sing rodo murah semono.”

“Nah, kandhani og. Aku suk bayaran cair langsung meh pasang.”

“Kuwi 600 tenan?”

“Tenan. Aku wis survei. Yo tambah biaya pasange paling 100.”

“Hmm...”

“Po meh sing listrik?”

“Nek sing listrik kuwi piro?”

“Nek sing listrik luwih larang, regane 1,5 juta, listrike yo bakal luwih larang. Tapi panase luwih stabil.”

“Sek, umpomo aku melu masang, kiro-kiro mending sing listrik po sing gas?”

“Yo saksakmu, nek aku ngono pengin masang sing gas. Aku seko dolan nggon masku ng Karanganyar, deknen yo pasang sing gas. Jarene gas siji iso nggo sesasi.”

“Wah, awet yo.”

“Pwoool. Po kowe pengin njajal pasang sing solar? Tenaga surya.”

“Solar ki sing ono tulisane wika-swh nduwur gendeng kae tho?”

“Hoo.”

“Nek kuwi piro?”

“Macem-macem, ono sing 15 juta, ono sing 20 juta.”

“Wah, asu. Nek kuwi prei aku. Ha nek rego sakmono sing panas hudu banyune, tapi atine.”




Sawer blog ini

0 komentar :

Post a Comment

Tentang Saya

Saya Agus Mulyadi, biasa dipanggil Gus Mul (bukan lulusan pesantren seperti Gus Dur, Gus Muh, maupun Gus Mus. Gus Mul hanya akronim dari nama saya). Blogger dan Freelance Layouter. Kini berusia 24 tahun. Aktif di Karang Taruna dan Komunitas Blogger Magelang Pendekar Tidar. Profil lebih lengkap, Lihat Disini
 
Copyright © 2010 Blog Agus Mulyadi , All rights reserved
Design by DZignine . Powered by Blogger